287. RATMI : Kok Simbok mendel mawon, Simbok sampun gadhah arta pinten?
288. MBOK RUS : Sepuluh ewu, ning arep nggo tuku beras. Adol sawah wae pa Man?
289. MBAH SOLIKHIN : Aja adol warisan...!
290. USMAN : Inggih Mbok, namung kantun niku paninggalane Bapak.
291. RATMI : Banjur kepiye kang? iki kanggo ujian skripsi.
292. USMAN : Uwis dik, kowe rasah mikirke. Kana ganti klambi wae.! Pentinge kowe sinau dhisik!
293. USMAN : Nggih kang, ngga Mbah, ngga Mbok.
ADEGAN XV RATMI MELBU NGOMAH, MBAH SOLIKHIN LAN MBOK RUS ISEH LUNGGUH ING KURSI PNGGIR LINCAK.
294. MBOK RUS : Kowe banjur arep golek dhuwit semana akehe nandi Man?
295. USMAN : Kula tasih kuwat Mbok.
296. MBOK RUS : Kowe kudu manut Simbok. Kowe aja mateni awakmu dhewe!
297. MBAH SOLIKHIN : Iya Man, rungokna mbokmu wae. Kakang ing kana ora bakal seneng ngetke kowe meksa awakmu dhewe.
298. MBOK RUS : Becakmu kae didol wae Man!
299. USMAN : Nanging Rodha Telu iku diwasiatke Usman supaya dijaga, Mbok.
300. MBOK RUS : Percaya Simbok le, yen ta bapakmu ana, Bapak bakal setuju. Iki kanggo kabutuhan keluarga, sing penting awake dhewe ki bisa tetep urip tentrem, kuliahe adhimu ya ben kasil.
301. USMAN : Nggih mbok, Usman percaya. Nanging aku pingin mbecak, Mbok!
302. MBOK RUS : Kowe rasah mbecak, garapen wae sawahe!
122
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~