264. USMAN : Mbok, wonten menapa rama-rame?
265. MBOK RUS : Ora apa-apa le, rasah dipikirke! ngaso dhisik!
266. NING : Iya... Kangmas Usman ngaso mawon! Tak pijeti napa?
267. PAK DUKUH : Ya wis, ayo bubar wae, Usman ben bisa ngaso.
268. DASILAH : Lha urusane durung rampung.
269. NING : Mbak, lihat! Usman lagi alangan.
270. USMAN : Urusan menapa Mbak?
271. PAK DUKUH: Ora apa-apa Man, ora ana urusan apa-apa, aku lan kanca-kanca pamit dhisik wae ya.
272. PAK DUKUH : Uwis Das! Ayo bali dhisik!
273. PAK RT : Mangga...
274. NING : Kangmas Usman cepet mari ya...
275. USMAN : Amin...
ADEGAN XIV
PAK DUKUH, PAK RT, DASILAH LAN NING NINGGALAKE OMAH MBOK RUS. RATMI TEKA SAKA SEKOLAH.
276. RATMI : Assalammu'alaikum...
277. MBAH SOLIKHIN : Wa'alaikum salam.
278. RATMI : Mbah Solikhin, lho kakang kenging menapa? Kang, kowe kenapa?
279. MBAH SOLKHIN : Ora apa-apa nok, mau mung tiba numpak becak. Huk... huk... huk...
280. RATMI : Dadine, iseh bisa mbecak ta kang?
281. USMAN : Iya dhik, bisa... 282. RATMI : Oh iya kang, aku oleh tagihan saka kampus, kudu lunas. (Sinambi nylodorke dluwang)
283. USMAN : Aduh... duwitku durung ana je...
284. MBAH SOLIKHIN : Lha butuhe pira Man?
285. USMAN : Karo tengah juta Mbah.
286. MBAH SOLKHI : Karo belah juta? Simbah ya lagi ra duwe je Man.
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
121