303. USMAN : Lah wasiate njaga rodha telu banjur kepiye?
304. MBAH SOLIKHIN : Rasah dipikirke rodha telu-rodha telu. Pentinge kowe bisa njaga keluargamu. Paling kuwi kang dikarepake bapakmu.
305. USMAN : Nggih Mbah, tulung becake dipun sade mawon!
306. MBAH SOLIKHIN : Ya Man, kowe wis rasah mikir. Ngko tak uruse, penting kowe ngaso...
307. MBOK RUS : Nggih Mbah, nuwun nggih...
ADEGAN XVI
ING DALAN DESA. ING WAYAH AWAN. PAK DUKUH, PAK RT LAN NING MLAKU-MLAKU ING DALAN DESA. ING PINGGIR DALAN ANA LINCAK.
308. PAK RT : Pak dukuh, kula gadhah warta pak. Aku ki dadi ora tega yen arep nglaporke Mbok Rus.
309. PAK DUKUH : Lho... kok ngono pak RT?
310. PAK RT : Becak e Usman wis didol. Kanggo ragat ujiane Ratmi. Aku dadi ora tega.
311. PAK DUKUH : Lha gek lehmu kandha eksploitasi kae piye?
312. PAK RT : Lha ning sinten ngertos pak, kang dikandakake Mbok Rus niku bener.
313. NING : Lha Mbak Das piye pak RT?
314. PAK RT : Waduh, aku ya ra reti je dhik ning, Apike pripun pak dukuh?
315. PAK DUKUH : Ngene wae, awake dhewe mara ing ngomahe Mbok Rus wae, ngrungokake piye kedadeane.
ADEGAN XVII
DASILAH TEKA BANJUR NYAUT OMONGANE PAK DUKUH
316. DASILAH : Ora perlu pak, awake dhewe langsung wae lapor!
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
123