224. DASILAH : (Dhog...dhog...dhog...) Mbok Rus... 225. NING : Mbok Rus... 226. DASILAH : Metu Ruuussssssss...! 227. PAK RT : Mbok Rus... 228. PAK DUKUH : Tenang-tenang! Sabar! Sabar! Mbok Rus... Kula nuwun. 229. MBOK RUS (OS) : Nggih... mangke riyin.
ADEGAN XII
MBOK RUS METU SAKA NGOMAH
230. DASILAH : Ayo pak dukuh! Langsung digawa ing bele desa!
231. MBOK RUS : Pak, wonten napa niki?
232. PAK DUKUH : Wis rasah dha rame! Kula mriki amarga wonten laporan saka Mbak Das lan kanca-kanca iki kang kandha Usman metu kuliah.
233. DASILAH : Nggih pak, leres.
234. PAK DUKUH : Banjur krungu laporan meneh yen Usman metu amarga peksaane Mbok Rus.
235. PAK RT : Iyo pak, Bener...
236. MBOK RUS : Niki ingkang milih nggih Usman piyambak.
237. PAK DUKUH : Tenang Mbok..! Tenang...! Sanajan wis padha kumpul, Mbok Rus nyaritaake wae, piye kadadean sabenere supaya jelas.
238. DASILAH : Ora perlu pak, ora ana kang perlu diomongke, iki wis cetha yen Rus ki salah. Salah ya tetep salah.!
239. PAK RT : Inggih, ingkang leres Mbak Das!
240. NING : Ampun pitados Mbok Rus!
241. DASILAH : Mpun rangket nang Bale Desa!
242. MBOK RUS : Salah kula napa?
243. DASILAH : Salah apa-salah apa! Kowe kuwi jenenge nglanggar hake anak. Simbok saenake kongkonan mbecak.
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
119