206. MBOK RUS : Apa iya Simbok kudu dadi ngene ki? 207. USMAN : Warga namung salah tampa mbok, mbenjang kita jelaske.
208. MBOK RUS : Omonganmu ra bakal dirungokake, kabeh wis dha ngelek-elek aku, Iki merga lambene Dasilah.
209. USMAN : Mosok ngantos ngonten, Mbok?
210. MBOK RUS : Dadi kowe seneng yen Simbok diala-ala tangga? Diala-ala warga? Ngono?
211. USMAN : Nggih mboten ngonten Mbok, kula namung pengin nglakoni apa kang dipesen Bapak marang kula, Mbok.
212. MBOK RUS : Apa? Wasiat-wasiat? Wasiat sing ndadekake masalah? Nak manut aku malah nggawa kasil kang luwih apik, luwih mulya.
213. USMAN : Mbecak nggih mulya, sanes colong jupuk napa korupsi.
214. MBOK RUS : Ya ngerti, ning kowe ora kuliah kuwi Simbok malah dadi gendra. Diala-ala warga.
215. USMAN : Nyuwun pangapunten, menawa kula milih mboten kuliah niku saget damel Simbok nelangsa.
216. MBOK RUS : Mangkane mandeko lehmu mbecak!
217. USMAN : Kula mboten saget, Mbok!
218. MBOK RUS : Kowe seneng yen Simbokmu ajur digruduk wong sadesa?
219. USMAN : Mboten Mbok!
220. MBOK RUS : Pokoke kowe aja mbecak!
221. USMAN : Ampun ngonten niku Mbok!
222. MBOK RUS : Yen kowe tetep mbecak, Simbok patenana wae!
223. USMAN : Ampun ngonten ta Mbok!
ADEGAN XI
ING NGAREP OMAHE MBOK RUS. ING WAYAH SORE.
PAK DUKUH, PAK RT, DASILAH LAN NING MARA ING OMAHE MBOK RUS. PADHA CECELUK SINAMBI NGGEDHOG-NGGEDHOG LAWANG.
118
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~