244. MBOK RUS : Niki fitnah! Mboten leres sedaya! Niki merga lambe tipise Dasilah!
245. PAK DUKUH : Uwis-uwis! Sejatine ki piye Mbok?
246. MBOK RUS : Kula mboten nate meksa Usman, pak.
247. PAK DUKUH : Lha banjur kenapa Usman metu kuliah?
248. MBOK RUS : Kula nggih mboten ngertos kaliyan kekarepane Usman, pak.
249. DASILAH : Ndhobos!!!
250. PAK DUKUH : Kowe ki menenga dhisik, Das!
251. DASILAH : Pak dukuh mboten sah kakean takon, nyatane ora bisa njelaske. Bisane mung mboten pak, mboten pak, mboten pak.
252. PAK DUKUH : Uwis, kowe kuwi menenga dhisik!
253. MBOK RUS : Astaghfirullah Dasilah, nang apa kowe sengit karo aku? Apa salahku? Pak dukuh, sumpah mati kula mboten nate meksa Usman. Kongkonan mawon mboten pak. Saestu pak.
254. DASILAH : E...E...E... gampang timen sumpah, yen sumpah kuwi mandi, akeh wong-wong kang dha mati...
255. PAK RT : Wani pa sumpah pocong?
ADEGAN XIII MBAH SOLIKHIN TEKA SINAMBI MBOPONG USMAN. AWAKE USMAN AKEH GETIHE, USMAN BANJUR DITURUAKE ING LILNCAK NGAREP OMAH. 256. MBAH SOLIKHIN : Tulung…tulung… 257. MBOK RUS : Usman? Ya Alloh… kowe kenapa le? 258. NING : Kangmasku Usman… 259. PAK RT : Waduh, Usman kena apa kowe? 260. MBAH SOLIKHIN : Ayo…ayo… ewangi nggotong…! 261. PAK RT : Nggih mbah nggih 262. MBOK RUS : Mbah, Usman kenging menapa?
263. MBAH SOLIKHIN : Uwis, ora apa-apa, Usman ben ngaso dhisik.
120
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~