Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/83

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

72 BANDHA KAMARDIKAN


GURU
Istiqomah Septiawati

esuk-esuk menyang sekolahan
nitih pit jumangkah
mapag jiwane guru
sumbar esermmu nentremake ati
kapinteranmu diedum-edumake

senajan awakmu kesel
pangorbananmu ora ilang
kadhang atimu emoh
nanging tekadmu ora owah

ing jroning niyatmu
ana karep muterake negara
supaya maju
lan negara makmur aman
iku tandhane sedyamu kaleksanan