Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/82

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

BANDHA KAMARDIKAN 71


MERI
Yessia Chrisiana

Jaman iki isih ana wong sing meri
ora mung siji loro
nanging meh kabeh ngtakoni
apa wong kuwi ora mikir akibate?
ing tembe mburi?
angel rasane gawe wong eling
nanging kepiye maneh?
wong-wong saiki ora duwe rasa sukur
marang peparinge Gusti kang lohur

rasa meri...
kok bisa njalar marang kabeh wong
apa kowe ora bisa ilang
saka pikirane wong-wong mau?
mesthi bisa yen wong iku
cedhak marang Gusti