Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/84

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

BANDHA KAMARDIKAN 73


KAMARDIKAN
Wiwien

negarane dhewe wis murdika
satemene mardika iku apa?
apa tegese kamardikan?
lamun ora aweh katentseman
akeh sanak kadang ...
padha nabok nyilih tangan
tumindak culika, durjana, lan merjaya
maring sapadha-padha

elinga...
awake dhewe tunggal miasth
tunggal karsa lan tunggal bangsa

ayo...!
padha rukun
padha mbangun negara
aja gawe cuwa para pahlawan
hebarengan mujudake negara Indonesia
kang gemah ripah loh jinawi
tata yiti tentrem kena raharja
adhedhasar Pancasila