Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/81

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

70 BANDHA KAMARDIKAN


MILLENIUM
Nur Eka Desianti

mituhu ing ngersane Pangeran
le padha ngreksa uripe
niyate arep ngudhakake drajat
durung niyat sumingkir saka godhane
mula akeh sing ora pener dalane

mesthine sing padha kelingan
urip iki mung mampir ngombe
tambah taun saya ora karuwan
akeh korban kang ora ngerti perkarane
ngono kasebute taun millenium


KATENTREMAN
Nur Eka Desianti

kahanan negara Indonesia saiki
apa pancen wis keesaning Widhi
kisruh wis tekan ngendi-endi
kang gawe mirising ati
merga akeh kawula kang wis ora padha nyawiji

rasane urip saya jero rekasane
tumrape wong cilik kang ora nyambut gawe
apa maneh marga kahanane
kang wis adoh saka katentreman
wong-wong padha kelangan gondhelan