Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/80

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

BANDHA KAMARDIKAN 69


NARKOBA
Maryanta

narkoba
gara-gara kowe akeh wong sing dadi korban
gara-gara kowe negara dadi bubrah
apa kuwi tujuwanmu?

narkoba
kowe cilik tur nyilakakake wong akeh
kowe mung sithik tur akeh sing dadi korban
apa kuwi amarga kowe?

narkoba
regamu larang
tur akeh sing padha seneng kowe
kowe mung kaya obat
tur nggawa korban akeh