Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/77

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

66 BANDHA KAMARDIKAN


KACA
Lusia Sari D.

kaca ...
mbok manawa aku dudu kaca kang bening
aku ora bisa ngandhakake kanthi sanyatane

kaca ...
kowe ngandhakake sanyatane
rupa ala lan apik
tanpa milih

manawa daksawang kacumu bening
resik lan tanpa cacat
lan jembar

manawa kabeh duwe ati kaca
kang bakal gawe santosaning bangsa
tanpa ana sambikala
amarga duwe ati kaca

manawa atiku kaca
bakal takkandhani apa kang daksawang
ala lan becik

manawa kabeh duwe ati kaca
bangsa kita bakal santosa