Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/78

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

BANDHA KAMARDIKAN 67


REVOLUSI ING TENGAH
KOBARING BUMI

Sagung W.

taun-taun patang puluhan
taun-taun ananing penjajahan
esuk, awan, sore, bengi abang mbranang
dmarga ananing penjajahan

ing Jepang
Nagasaki sempal, Hiroshima wis dadi kencur
amarga dibom serdhadhu Sekutu
bumi iki kaya-kaya kobong aMarga ananing penjajahan
Agustus sewu sangangatus patang puluh lima
proklamasi kamardikan wis dikumandhangake ing awang-awang
revolusi dianakake ing tengah-tengahing Indonesia
supaya dadi masyarakat adil lan makmur