Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/76

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

BANDHA KAMARDIKAN 65


PEMULUNG
Dhika Paramita

esuk-esuk wis padha mangkat
nggawa kranjang dipikul ing pundhak
mubeng saka desa ngadesa

Kadhangkala kowe disepelekake
karo wong sugih
nanging....
gaweyanmu iku tetep mulya
nggolek barang rongsokan
kanggo nguripi anak bojo

lumengsere srengenge
ora kok rasakake
malah ngobarake tekad
kunggo gawe resik
lan endahing donya
tanpa linambaran ati jirih