Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/75

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

64 BANDHA KAMARDIKAN


KERE PINGGIR DALAN
Dwi Lestari R.

ing kutha tengah wengi
delengen sing padha turu gumlethak
neng pinggir dalan

turu kepuati
kinemul mendhung kekancan ratri
saya bengi saya adem
lan ati kekes dadi siji

Jroning atiku nangis
ndeleng dheweke turu
ana ing delan-dalan
tanpa ana sing nggatekake uripe

bedhug subuh keprungu ing pungkasaning wengi
sing padha turu kepati banjur tangi
amarga kawiyak sunaring srengenge
lan wayahe wis kudu luru golek urip

dheweke iku padha karo kowe
nggolek pangan esuk lan bengi
tanpa migatekake wayah