Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/74

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

BANDHA KAMARDIKAN 63


TUGU YOGYA
Hendry TP.

tugu kang ngadeg pengkuh
ing tengahe kutha Ngayogyakarta
ora bakal ambruk kena angin
ana lindhu, ora bakal ambyar
seksine sejarah perjuwangan Yogya
pratandha perjuwangan wong Yogya
tugu iki wajah crita
nyritakake sejarahe kutha Yogya
tugu tan bakal ngapusi
tugu tan bisa disulihi
tugu iku ora pantes dipindhah

pinangka aweh paseksen
marang anak putu kang kelangan
sejarab lakuning jaman
kutha Yogya ngandut kenangan