Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/73

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

62 BANDHA KAMARDIKAN


TISSU
Desideria

yen aku dadi tissu kepiye rasane awakku?
kepiye... kepiye rasane atiku kang keremes-remes?
wong mung nganggep aku sampah, yen wis dienggo dibuwang
ora ana wong nganggep ajining awakku

ana barang liya kang ora penting malah dadi modhel
ananging aku, sapa kang nganggep aku?

wong-wong ora ngrasakake atiku
yen aku reged sethithik wae aku dibuwang
wong-wong ora padhu ngerti yen nggawe tissu iku angel
wong-wong mung ngertt aku jenenge tissu, ora luwih

aku ora didadekake modhel
aku ora njaluk dijunjung wong akeh kaya modhel
aku mung njaluk
buwangen kanthi rasa tresnamu