Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/72

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

BANDHA KAMARDIKAN 61


MAWAR
Nilam

esuk nyebar wangi ngambar-ambar
Mawar sing wingi mekar saiki ngebaki latar
bun-bun ndhuwur godhong sumunar bening pindha inten
mencorong
ri-ri landhep ora tedhas ketiban anyep
godhong-godhong ijo pulih seger royo-royo
apa tembungku nyangking wangin
ngilangi bacin sementug nyampegi ati
api budiku landhep, karepku mantep dadi cuwaking ati ora
teteg?
apa atiku inten mencorong
mbabar gebyaring sukma tanpa blencong
apa uripku tetep seger awet mudha dadi sumber?
yen mangkono aran begja
tundha yen urip iki binerkahan Gusti