Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/71

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

60 BANDHA KAMARDIKAN


URIP

Hunggul Sirnaning Prahoro

urip jaman iki tansah rekasa
nanging kudu urip
jalaran urip iki wis pinesthi
mula kudu iktiyar jroning urip
nanging aja lali
urip kudu anggayuh luhur
lire, urip aja tumindak dosa
urip manut dhawuhing Ablah
aja urip neka-neka


NARIMA

Hunggul Sirnaning Prahore

aku bocah lumrah
wong tuwaku klebu wong kesrakat
uripe tansah amung cumadhong tetesing embun
mula aku kudu narima
narima ing pandum, ora kena duwe pepenginan kang langka
kagayuh
nanging narima ora pasrah
sanadyan kudu duwe gegayuhan luhur
waton ora tumindak ngawur