Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/70

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

BANDHA KAMARDIKAN 59


TRESNAKU
Yessia C.

tresnaku marang sliramu
ora bisa dipisahake wektu
susah seneng dirasakake bareng
Nyiptakake rasa ayem lan tentrem

tresnaku .... saiki kowe wis lunga
ninggwake aku ngadkep Kang Maha Kuwasa
nanging, aku wis ekhlas
nampa pepesthening kodrat
Kang ora bisa disuwalani
dhuh Gusti
paduka tamtu uninga
langising jasad kawula