Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/63

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

52 Bandha Kamardikan


REMBULAN
Wiwien Apriliani

tak sawang sliramu tansah sumringah
sewu lintang ngumbar esem ing sandhingmu
jagading langit katon endah

wengi kepungkur katon sesisih
wayah iki bunder kepleng
sunarmu jinggrang
madhangi petenging wengi
lingsir wengi katon wayah rina

tetepa madhangi donya wayah bengi
agawe padhang negaraku
agawe padhang ati lan pikiran
ajega anggonmu teka
supaya ake tetep bisa
nyawang sliramu

oh, rembulan ...