Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/64

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Bandha Kamardikan 53


SAWAH
Wiwien Apriliani

gumelar ing pojok desa
sesawangan katon ijo royo-royo
pinggir galengan tharik-tharik
asile uga nengsemake ati

nanging saiki ...
ora ana sesanggan ngresepake ati
akeh sawah madeg omah
galengan madeg pager bumi
hawa seger gumanti kebuling knalpot
kang nyebul prakara

aku ngarep-arep
sawah tetep sawah
tanduran pari tetep lohjinawi
supaya anak putuku
bisa ngrasakake enake sega