Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/62

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Bandha Kamardikan 51


IBU
Riyan Assari Anawar

Ibu,
welas asihmu marang aku
angluwihi apa sing ana ing donya iki

Ibu,
Ibu rekasa amarga aku
golek dhuwit kanggo ragadku
amarga Ibu kepengin uripku pinter

nanging ... apa piwalesku

Ibu,
aku durung bisa males apa-apa
mung bisa donga marang Gusti
Muga tresna-Mu tetep lestari
marang ibuku
ibu sejati