Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/6

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Bandha Kamardikan v

Bandha), Manungsa kudu nduweni panarima marang pepesthening Pangeran (geguritan Gusti), murid kang ngerti marang kuwajibane (geguritan Buku) lan gelem ngajeni marang pengorbanane gurune (geguritan Guru), putra kang ora lali ngabekti marang wong tuwa kang ngukir jiwa ragane (geguritan Ibu), generasi muda kang ora fali marang jasa pahlawane lan kandhel jiwa nasionalisme (geguritan Kanterdikan), manungsa kang duwe rasa langgung jawab marang kelestariane lingkungan minangka warisan tumrap anak putu (geguritan Semuat Abang: geguritan Kembang Mlathi, Wit, Gunung Merapi nganti tekan geguritan Kalicode). Para maos aja kesusu nyacad marang geguritan kang kapacak ana ing antologi iki. Awit sing kepriyea wae wektu patang petemon isih kurang kanggo sinau gawe lan maca geguritan(apamaneh tumrap siswa sltp), durung kendala penguasaan basa Jawane kang ora baen-baen. Kang gawe mongkog, bocah-bocah kang isih “balita” ing babagan cipta sastra mau wis wani kanthi lugu lan jujur nglairake gagasan-gagasane.

 Antologi—Bandha Kamardikan—kaajab bisaa dadi cecala utawa obor semangat tumrap para siswa kanggo sinau nulis sastra Jawa kang lerege bisa dadi media kangge mbentuk pribadine generasi muda kang duwe budi pekerti utama. Antologi geguritan anggitane siswa sekolah lanjutan pertama kang kagolong remaja kalebu buku sastra Jawa kang “langka”. Lumrahe, geguritan kang kerep dianggo minangka bahan pengajaran sastra Jawa mujudake anggitane pengarang golongan tuwa. Mula ora mokal yen para remaja duwe penganggep menawa nggawe geguritan itu pakaryan kang angel. Kamangka, sejatine apa wae bisa digawe lan ditulis dadi geguritan. Kanthi laire antologi iki kenaa dadi penggunggah marang para remaja gelem sinau nyipta geguritan. Apa bisa? Ah, ora angel waton gelem sinau dikantheni keyakinan sinau ngarang——lan sinau apa wae—kena diupamakake bocah cilik kang wiwit mbrangkang, ngadeg, trantanan, lan pungkasane mesthi bakal bisa mlayu.

Ora ngandel, ayo dicoba, lan ayo dicoba maneh.

Drs. Pardi, M. Hum
Siti Ajar Ismiati, S. Pd.