Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/5

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

iv Bandha Kamardikan

BANDHA KAMARDIKAN
Antologi Puisi Jawa Siswa SLTP se- Yogyakarta

Sajroning batin tuwuh pitakon nalikane pengelola nemtokake pesertane Bengkel Sastra Jawa 2000 siswa sekolah lanjutan lingkat pertama, apa bisa para siswa mau digiadhi nggawe puisi, apa manch puisi Jawa utawa geguritan? Malah saweneh guru pembimbinge ana kang ngandhake menawa para siswa mau padha wedi melu Bengkel Sastra Jawa. Pitakonan lan rasa wedi mau ora mokal, selagine wektu saiki pelajaran basa Jawa wae wis dadi momok tumrap para siswa. Bok menawa basa Jawa luwih angel tinambang karo pelajaran matematika. Mengkonoa, pengelola Bengkel Sastra Jawa wani nggelengke tekad dikantheni keyakinan kabeh bakal bisa linakonan wewaton karep kang makantar-kantar kaya nalikane bangsa Indonesia nggayuh kamardikan, Wektu semana, sapa sing ngira Indonesia bisa nampa kanugrahan bisa ngalahke Walanda lan Jepang kang njalari dadi bangsa kang duwe Kedaulatan lan kawibawan. Kabeh pitakonan lan rasa wedi mau bisa kajawab kanthi terbite buku antologi sesirah Bandha Kamardikan kang ngemot puisi anggitane para siswa sawise digladhi suwene palang dina. Malah ora mung samono, Peserta uga digladhi maca geguritan. Kepriyea wae, keberanian-ne bocah-bocah nganggit geguritan wis kena diwastani Jumayan.

 Bengkel Sastra Jawa kajaba bisa nggunggah imajinasine bocah-bocah kanggo menghayati kehidupan, Kang luwih wigati, kegiatan iki bisa dadi ajang tumrap para siswa ndeleng kanyatan, negesi kahanan, lan nuangke anggone negesi kahanan mau ana Sajroning geguritan. Para siswa pancen butuh embun rohani, ora mung didulang wulangan kang matah sok bisa njalari jiwane “kering”. Kosok baline, kanthi gladhen nyipta geguritan kaajah bisa njalari para siswa duwe pribadi kang luwih manusiawi laras karo manfaate sastra minangka “dulce” dan “utile”. yaiku sastra kang bisa menehi hiburan saha bisa dadi santapan rohani, dadi media edukasi. Banjur kipriye identitas manungsa kang manusiawi?

 Pura maos bisa njlimeti geguritan kang kapacak ing antologi Bandha Kamardikan iki. Ana ing geguritan-geguritan mau dikandhakne anane manungsa kang mesthine kudu eling jatine urip kang ora mung ngojak bandha jalaran bandha sok hisa gawe petenging kahanan (geguritan