Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/7

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

vi Bandha Kamardikan

ATUR PANUWUN

Puji syukur kaaturaken ing ngarsaning Pangeran ingkang Maha Agung, awit saking berkah sarta paringipun kamirahan dhateng kula panjenengan sami, saengga kegiatan ngripta geguritan tumraping para siswa saged wonten wujudipun, inggih menika kanthi lahiripun buku antopologi, mawa irah-irahan Bandha Kamardikan.

Atur panuwun kaaturaken dhumateng panjenenganipun:
  1. Bapak Drs. Suwaji, Pimpinan Balai Bahasa ingkang sampun kersa menggalihaken kinanthen saubarampenipun, saengga kegiatan kangge para siswa SLTP saestu wonten wujudipun.
  2. Bapak Drs. Pardi saha Bapak Drs. Suwardi E. saha sedaya pihak ingkang kanthi sabaring manah paring tuntunan dhateng para siswa saengga saged trampil nyerat geguritan lan asilipun saged kapacak wonten ing buku Bandha Kamardikan menika,
  3. Bapak Drs. Aris Munandar minangka pengarah saking Tim Perekayasa Kurikulum saha minangka ugi Instruktur Muatan Lokal saha Widyaiswara, ingkang sampun paring arahan, supados kegiatan menika saged langkung nengsemaken. Ing Pangajab kegiatan menika ing mangkenipun saged mujudaken media pembelajaran tumrap Kegiatan
Belajar Mengajar.

 Mugi-mugi mbat-mbatan ayahan ingkang satuhu, antawisipun Balai Bahasa Yogyakarta, MGMP Bahasa Jawa Propinsi DIY, Tim Perekayasa Kurikulum saha lembaga sanesipun ingkang wonten gegayutanipun, sageda langkung kiat, saengga ingkang dados kabetahaning proses Kegiatan Belajar Mengajar menika saged nuwuhaken greged lan semangat nampi wucalan Basa Jawi tumraping para siswa.

 Ing pangangkah wucalan Basa Jawi ingkang penuh (kebak) budi pakerti menika, sageda mujudaken tujuan Pendidikan Nasional, ing antawisipun manungsa ingkang nggadhahi bebuden luhur, trampil lan mandiri

Maturnuwun


Dra. Sri Hartuti

Ketua MGMP Basa Jawi
Propinsi Daerah Istimewa Yogyakarta