Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/54

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Bandha Kamardikan 43


WULAN PURNAMA
Danisa

bocah-bocah padha dolanan ing latar
cahyaning rembulan nrajang pucuking langit
madhangi bumi sajroning wengi
dina iki cahyaning rembulan padhang

wis ora jamane
jaman saiki bocah-bocah ora ngerti cahyaning rembulan
manungsa ora gumun marang rembulan
rembulan purnama duđu tontonan maneħ
nanging..........
cahyaning rembulan tetep padhang nrajang pucuking langit