Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/55

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

44 Bandha Kamardikan


SRENGENGE
Widartik

srengenge katon madhangi uripku
ing dina-dina sing taklakoni
yen aku dadi srengenge
aku mesthi bungah ing ati
aku mumpangati kanggo kabeh panguripan

aku nyebut matur nuwun
marang Gusti Pangeran
jalaran isih nduweni wektu
kanggo mandeng srengenge
ing wektu esuk sore
lan manut obahing jaman sakteruse


PEPENGINANKU
Widartik
yen aku bisa mabur dhuwur
aku arep mabur ing langit
yen aku bisa ngilang
aku arep ngilang ing tengahing pedhut

nyenengke atiku kang lagi bingung
kang ora ngerti gegayuhaning
putih lan irenging urip