Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/53

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

42 Bandha Kamardikan


PRASETYAKU
Rury Sawitri

prasetyaku marang wong tuwa
kedah dadi wong kang bekti
sregep sholat lan ngaji
supaya mbesuk aku ora dadi wong kang papa

prasetyaku marang guruku
kudu dadi wong kang pinter
sregep sinau lan terus golek ilmu
supaya aku bisa ngrengkuh gegayuhanku

prasetyaku marang bumi pertiwiku
kudu bisa ndadekake Indonesia
kang makmur lan tentrem
ora gonjang-ganjing kaya saiki
iki prasetyaku nganti oncating nyawaku