Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/52

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Bandha Kamardikan 41


IBU
Candra Ayu Aprana

mau bengi …..
lak etung dina dina sesuk
saka obahing esemmu sing adoh saka rasa serik
sansaya adoh gumantung ing piguramu sing gapuk
dipangan lakuning jaman

takenteni...
pengin takrasakke katresnan linarut ing impenku
ing ngarep plataran ngarep
takundang rasa tresna
ning saiki kabur ing pigura kang wis lusuh
kabuwang lamunanku
dakkanteni tangising atiku
tampa ngerti sliramu
ana ngendi ibuku?