Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/51

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

40 Bandha Kamardikan


PANANDHANG
Wahyudiono

yen taksawang srengenge
katon abang
yen taksawang alas
katon ijo royo-royo
sakjane negara iki makmur
nanging rasa napsu
ingkang murka

rusak donya iki
rusak negara iki
wit-witan padha nangis
manuk-manuk ora gelem manggung
kabeh isining donya padha rusak
wong cilik kaya-kaya ora bisa obah
wong cilik kaya-kaya dikunjara

negara iki ora ana adil
negara iki ora ana rasa welas
mugi ingkang Maha Kwasa paring pitedah
sing becik diarani becik
sing ala diarani ala