Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/50

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

BANDHA KAMARDIKAN 39

GUSTIKU

Nur Eka Desianti

ing ngarep-Mu aku tansah sujud
takpasrahake uripku ing ngarsa-Mu
supaya tansah entuk hidayah-Mu
saengga tentrem lakuning uripku

oh Gusti, aku ngarepake rahmat-Mu
kanggo sanguning laku
supaya tansah padhang dalanku
anggonku tansah sujud ing ngarsa-Mu