Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/49

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

38 Bandha Kamardikan

MULIH

Ayu Suci W.

swaraning gendhing pathet nem kang nganyut-anyut
katut obahing swasana
ngalor melu ngalor, ngidul melu ngidul
mak gragap,
ganti owahing pathet
ngancik mangsa kasanga murub katoging enomku
nyawiji ing gegayuhan
durung nganti rampung keprungu ocehing paksi manyura
kudu wis purna
ngadhep mring Gusti Kang Kawasa