Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/48

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

BANDHA KAMARDIKAN 37

SRENGENGE NESU

Rury Sawitri

srengengene mencorong sumelet
manasi donya prahara
ngesoke panas sajak ngresula
merga pokale jalma manungsa
kang ora tanggung jawab
lan tansah endha
ngrusak tatanan kang wis meh tumata

saiki srengenge mbales pokale manungsa
sunare ditokke sajak ngelak
kaya lumrahe buta galak

mulane donya iki tansaya panas
srengenge nesu merga
manungsa wis ora eling marang Gustine

nganti kapan sang bagaskara kurda
wangsulane sliramu kang pirsa