Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/47

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

36 Bandha Kamardikan


GUNUNG
Dessy Tri Hapsari Putri

ngadeg ing tengah kutha
kang gawe wedine para manungsa

lamun kowe nesu
sahen kowe muntab
wedhus gembelmu mabur tekan ngendi-ngendi
watu-watu ngglundhung ngentepi sapa kang ora ngerti dosa

wong-wong padha domblong
mung padha jejeritan
amarga sambat padha kelangan

lamun kena daksuwun
menenga sanadyan duwe rasa nesu
ampeten nesumu tekan anak putu
saiki kowe tentrema
gelema kowe dadi mitra
ora mbebayani maneh marang sapepadha