Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/41

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

30 BANDHA KAMARDIKAN

WIT

Petrus Sulaksana

wit
uripe neng lemah
saka cilik dadi gedhe
dinggo pencokan manuk
dinggo penekan
diango papan pangeyuban
wit.......
godhongmu kang ijo
butuh banyu
butuh panasing srengenge
apa kuwi lageyane uripmu
wit
nek awan aweh pangeyuban
gawe lereming pikir
lamun rinumat
aweh manpangat
lamun kowe gawe sikara
wit bisa gawe sengsara