Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/40

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

BANDHA KAMARDIKAN 29

GUSTI

Candra Ayu Aprana

sucekna asma Gustimu
sing nyipta isi donya iku
lan sing nggawe pepesthen lan paring pitedah
menehi urip lumantar
wit-witan sing menehi hawa isis
kang gawe weling lumantar
garing lan cengkaring lemah nalika ketiga
aku nyebut Gusti
lan kowe aja lali
sejatine Gusti kang nduweni
lan elinga asmane Gusti
kanthi ngedekna ibadah
kang bener, kang bener
nanging akeh kang pengin seneng urip ing donya
kamangka akherat
luwih becik lan langgeng