Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/42

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

BANDHA KAMARDIKAN 31

KANGMAS

Yeni Ariyanti

kangmas...
aa sliramu sing dadi tresnaku?
tresnaku sing suci saka sanubariku
kang ora bakal uwal saka kalbuku
kangmas...
kaping pisan aku ketemu sliramu
pandenganmu nusuk ing kalbu
apa iki sing diarani tresnaku?
kangmas...
sanadyan suwe ora ketemu
aku tetep tresna marang sliramu
sliramu sing kaping pisan
sliramu uga sing pungkasan
kangmas …
pancen bener wong tuwa
tresna ana jalaran saka kulina