Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/39

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

28 BANDHA KAMARDIKAN

SEKOLAHKU

Ari Devita Sari

nalika esuk isih sepi
kaundang ati jumangkahke sikil
nuju papan luru ilmu
ing pamulangan-Ku
ing kana isih sepi
dakresiki klas lan latar
supaya resik lan asri
sedhep dideleng mripat
dak lakoni kanthi leganing ati

sekolahanku suing pratandha
lan uga sasmita
yaiki papan kanggo golek tandha
kanggo jumangkah ing dina sesuk
kang diantu-antu
jalaran bakal kebak pitakonan

sekolahanku
suwe aku dheku-dheku ing ngarepmu
nyadhong eseming guru
kang bakal medar ngelmu
papan kene aweh piweling
supaya pinter nyawang kahanan
uga bisa pitakon
lan uga harapan

aku ngerti sekolahku
apa sing bisa dakwenehke ing sliramu
pinangka tandha paseduluran
ora liya.....
donga sing mesthi suwunke mring Gusti
muga-muga sliramu
tetep gelem nyebar ilmu