Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/38

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

27 BANDHA KAMARDIKAN

KEMBANG MLATHI

Yeni Ariyanti

kembang, kembang mlathi
ing taman sinebar wangi
siyang ratri tansah rumaket ing ati
kembang, kembang mlathi.
lambang katresnan suci
suci lan wangi ing sanubari
kembang, kembang mlathi
warnamu sing putih lan wangi
lir lintang ing tengah wengi
gumebyar madhangi jembaring negari
kembang, kembang mlathi
muga bisa mujudke luhuring budi
gawe luhuring ibu pertiwi