Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/37

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

26 BANDHA KAMARDIKAN

SEMUT

Dwi Lestari R.

uripmu ing njero lemah
kowe gawe omah
mlebu ing Jemah
lamun golek pangan
lagi kluyuran ndeleng pudhanging surya

sanadyan omahmu jero lemah
kowe ora wedi?
nalikane udan
utawa prahara banjir bandhang ngelebi omah
papanmu kanggo leren saka rasa sayah

nadyan ana jero lemah
rasane tentrem ora beda lawan
wong-wong kang turu ing dipan kencana

apa kowe ora wedi
nalika wong-wong padha ngidak-idak awakimu
kowe mung meneng
ora serik
ora nangis
apa kowe pindhaning wong cilik
dipateni nadyan ora duwe dosa
kowe ora nangis, ora serik
saumpama manungsa kaya kowe
donya iki ora arep kaya ngene
ora ana wong pating brengok
karana mulya rekasa tansah meneng
meneng nadyan ora teges nampa
paiting kahanan marang angga