Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/36

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

BANDHA KAMARDIKAN 25

REMBULAN

Dhika Paramita Prameswari

nalika rembulane wis munggah ing awang-awang
bocah-bocah padha dolanan bebarengan
cahyane padhang jingglang
adi luhung pindha bathara candra

rembulan ...
nalika bengi adhem atis
nalika bengi peteng dhedhet
kowe madhangi donya
kowe madhangke sukmaku
tanpa pilih sih
kowe lila gawe senenging sadengah janma
janma papa lawan utama
janma kang turu ing ngisoring kreteg
apadene janma kang nendra ing omah loji
atiku dadi tentrem lan ayem
sawise ilang cahyamu
aku kelangan ...
kelangan kaendahanmu

nanging ...
aku tetep ngenteni tekamu