Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/35

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

24 BANDHA KAMARDIKAN


AKU

Marta Tri Kristianingsih


supa bisa ngerteni aku?

kowe, ibu malah apa bapakku?

saktemene sapa aku iki?

kabeh ora bisa mangsuli

lan mesti padha meneng

uga Gusti, nadyan ngerti


pitakon mau nung aku

kang kudu ngluru

wangsulan kang ora linambaran rasa panyendhu


mung aku

mung Aku

Merga sing ngerteni

awak lan pikiranku