Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/34

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

BANDHA KAMARDIKAN 23


REMBULAN LAN LINTANG

Andita Zhena F.


lingsir wengi iki daksawang rembulan

kang ngguyu lan ngawe-awe ing antariksa

cahyane cetha sumorot tanpa gawe blerenging mata

cahyane cetha madhangi nuswantara

rembulan ing langit memitran lawan lintang

janma citik kang duwe ati becik

sumebar ana antariksa

yaiku lintanging angga

lintang kang katon endah

kepara mapan sajak wus tinata

rembulan ...

akeh kang sesambat lan njaluk marang awakmu

kang lumrah njaluk ayu

bagusing cahyamu

iku tetembanganing wong tuwaku

saiki aku malah lali

lali njaluke anakku bagus lan ayu-Mu


rembulan ...tetap rembulan

lintang iku paribasan

nadyan cahyamu mung sakonang

ora nate gawe wirang

mung akeh kang ngenut pikiran kadang konang


rembulan kadanging lintang

aja wedi karo petenge pedhut lan mega

aja wedi cahyamu kasilep lan sirna

kurana lintang terus ana jejermu

nganti pungkasaning wengi iki

nganti sesuk........

malah gelem ngenteni lunganing nyawaku