Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/33

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

22 BANDHA KAMARDIKAN

SEMUT ABANG

A. Dwi Puspasari

ing ngisor wit
semut semut abang
padha mlaku rame-rame
kanggo golek pangan
semut duwe jatining urip
marga cilik
yen kepethuk kanea sajak pamit
uluk salam tetabikan
sajak gathuk jiwa ragane

sajak paring tuladha kanggo bocah cilik
gelema ngapura
dohna rasa serik

semut
anggonmu nyapa nandhes banget
ndhodhog atiku
kowe sung pepeling
eh bocah cilik
yen ketemu mitramu aja ambeg legeg
tanpa ndeleng ciltk gedhene drajat
semut
nadyan cilik, kowe jimat
nggembol tuladha kang gawe undhaking drajat