Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/32

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

BANDHA KAMARDIKAN 21

AWAN

A. Dwi Puspasari

gemebyar ing langit
awit dayaning panase surya
lan dadi gambaran jejaking Gusti
jroning awan manuk-manuk
padha mabar dhuwur
tanpa cinancang
bisa polah jejingkrakan

beda lawan manungsa kang
kang dipageri pepalang sepirang-pirang
mula jeneng jroning pakunjaran
awan kadhang kala kowe mlaku
barengan karo bayu
lamun teka bisa gawe guyu
nanging.....
lamun kowe nesu
njalan sirah ngelu
nyasak omah lan pager ayu
aran lesus kadang mitramu