Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/31

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

20 BANDHA KAMARDIKAN

SEKOLAH

Martha

kanthi jangkah kang linumbaran tekad
lan ati sumringah
mlaku ngener sekolah
aku mangkat sekolah
langkah antep
kang ndhasari atiku mantep
tundhane wajibe sregep
atiku seneng banget
arep ketemu kanca-kanca
kang wus manjing dadi mitra
neng ndalan tansah sopan
supaya bisa lumaku nggayuh kamulyan
adoh saka laku ngiwa
kang bisa ngilangke tindak prayoga
sekolah wakiling simbah
kang wis ora bisa ndongeng
pitutur kang bisa gawe ati ora semplah
sukor bage aku keconggah
gawe sesenging bapa simbah
slamet ora kakehan polah