Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/23

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

12 Bandha Kamardikan

KEMBANG MLATHI
Lita Puspita Sari

kembang mlathi
urip lan subur
wangine ngambar-ambar
aku gumun karo kowe
nek aku dadi kowe
atiku bungah
senajan sok ngrasa drengki
iri karo rupamu kang merak ati

em.... kadhang kala
wangimu nganti kaya peri
kang ora bisa tinandhingi

kembang mlathi
kowe gawe wangi papanku
papan istanaku