Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/22

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Bandha Kamardikan 11


YATIM PIATU
Titis M.

kaya ngene rasane dadi anak yatim piatu
ora duwe bapak lan ibu
kang bisa aweh pepeling

saiki aku kudu
saben wayah kudu golek urip
kanggo mangan
malikane
ing dalan aku weruh bocah ulang taun
nyandhang mabyor kinasihan wong tuwane
mripatku ndeleng
ati ngiler kepengin

nalikane
saiki ulang taunku
mung bisa ndonga marang Gusti
kepriye bisane duwe
bapak ibu kang ngrawat lan ndhampingi lakuku
kanthi tresna lan tulusing ati
GUSTI........