Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/24

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Bandha Kamardikan 13


SRENGENGE
Lita Puspita Sari

srengenge
kowe gawe padhanging bumi
lamun kowe, bumi peteng
wong-wong ulate peteng
marga ora ana cahya

srengenge
kowe duweke Gusti
lamun bumi ora kokkancani
cahyane kaya wong mati
marga sliramu donya sumringah
mergane kowe nggawa nyawa
nyawane wong sadonya

mulane aku kudu
kudu matur nuwun
marang sliramu
srengenge matur nuwun,
matur nuwun